Cerita Abah Berkenaan Ayat Laqod Ja'akum


DALAM satu pengajian kitab Al Ibriz, Abah menceritakan pengalaman pribadi berkenaan dengan ayat Laqod Ja’akum. Kepada para Ibu, dalam bahasa Jawa, Abah membeberkan kisah kala dirawat di salah satu rumah sakit di bilangan Jakarta.

“ Kulo pun ngraosaken sanget. wekdal kulo dirawat teng jakarta niku, kulo niki tensi pun mudun. Duwure pun 30. Duwure. Cara nganu pun Kulo ukurane pun kliyeng-kliyeng. mboten nyemerepi tiyang. Tapi alhamdulillah, kulo tasih semerep. kulo Tasih sadar”

“Lajeng kulo takon, ana apa si dok, mbuh kober temen sampeyan nandangi eyong “

“Sampeyan sadar, pirsa kulo ? “ kata dokter

“ Geh pirsa. Namane sampeyan niku. Pripun si” tanya Abah

“Drop pak, niki sampeyan tensine duwure mung 30” jelas dokter

“Tapi kulo tasih kelingan. Lajeng kulo kelingan. Ya Allah kulo tasih pengen ngibadah dhuwure bumi. Kulo maos laqad jaaakum rasulum min anfusikum niki ping pitu. mundak sewidak, mundak sangangpuluh , mundak 120. Grek grek.”

“Dadi kulo yakin, ayat niki mandi nemen. Lha wes drop 30. Maos peng pitu niku. Rampung ping pitu langsung mundak sewidak tensi kulo, mundak 90, mundak 120”

“Kaget. Lho. Wes 120, apa miki ora salah. Nganti Paribasan dokter siji karo sijini bingung. Lho wes 120”

“Pun niki. Paribasane kulo yakin seyakin yakine mandi . Niku pun Pengalaman wongsal wangsul. Lam yusibku makruh. Ora ketiban barang kang ora den senengi. Selagi njenengan kerso maos niku”


---cerita ini dinukil dari transkrip pengajian kitab Al Ibriz Almagfurlah tahun 2011

Comments

Post a Comment